Infrastruktur inggih menika wewangunan fisik ingkang dipundamel ndherek paugeranipun kebijakan pemerintah babagan pembangunan. Menawi fungsional, infrastruktur sasanesipun maringi fasilitas ugi inggih saged ndukung ranjakipun aktivitas ekonomi masyarakat, Infrastruktur menika dipunbangun namung kagem kesejahteraan rakyat kemawon. Saking menika, infrastruktur kedah dipun-jagi kanthi saestu supados infrastruktur menika saged dipun-ginakaken kanthi optimal.
Prastawi ambrukipun jembatan Kukar inggih menika salah satunggaling infrastruktur ingkang mboten saged dipun-ginakaken kanthi optimal. Jembatan menika ambruk wulan November kapengker. Ahli bangunan ngedharaken menawi jembatan kukar saged ambruk amargi kelintu anggenipun proses pembangunan kaliyan kirang optimal anggenipun ngruwat jembatan.
Saking katrangan kasebat, infrastruktur saged dados sukses menawi sedaya komponen kadosta: kontraktor, arsitek, kaliyan tiyang ingkang nangani proyek kedah kagungan ilmu kaliyan ketrampilan babagan pembangunan ingkang sae . Kejawi saking menika, anggenipun njagi wewangunan inggih wigati sanget.
Pembangunan infrastruktur Indonesia saged dipunwastani ‘mandheg’. Sajatosipun investor kaliyan para pengusaha sami ngeluh amargi infrastruktur ingkang dipunbangun inggih menika infrastruktur ingkang alit kadosta: ngrombak jalan tol. Infrastruktur ingkang ageng malah mboten pikantuk wigati kadosta pelabuhan ugi jembatan. Kawontenan samenika ndamel Indonesia dipunprediksi badhe nglampahi kawontenan ‘darurat infrastruktur’ salebetipun 2-3 taun ingkang badhe dumugi.
Salah satunggaling cara kagem nanggulangi ‘darurat infrastruktur’ ngendikanipun Nusyirwan Soejono, Wakil Ketua Komisi V DPR, inggih menika kaliyan neliti alokasi anggaran. BUMN kedah dipundhrekaken wonten alokasi anggaran supados anggaran menika saged dipun-ginakaken sedaya kagem pembangunan i nfrastruktur mboten dipunkorupsi.
Menawi infrastruktur sampun kabangun kanthi sae, salajengipun inggih menika ngruwat infrastruktur. Pihak-pihak ingkang ndherek ngruwat wewangunan inggih menika sedaya masyarakat sae masyarakat umum punapa para pejabat pemerintah. Menawi masyarakat saged ngruwat wewangun kanthi sae, pengajeng-anjengipun putra wayah ugi saged ngraosaken ginanipun wewangunan menika.
Sekolah kagunan peran ingkang wigati babagan nggesangaken raos njagi sarta andarbeni fasilitas. Tuladhanipun sekolah nggadhahi peraturan babagan njagi fasilitas sekolah kadosta: mboten angsal ngorek-orek utawi ngrusak fasilitas sekolah. Cara punika saged ndadosaken peserta didik/ para siswa sadhar kedah njagi wewangun wonten pundi kemawon.
Saking katrangan ingkang dipun-edharaken wonten ing nginggil menika, kita saged mangertosi bilih infrastruktur menika kedah dipunbangun kanthi sae ugi ngruwat wewangunan supados saged dipun-ginakaken kanthi optimal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar